Angele Golek Kerjo
+ Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng….
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
—————
+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo….
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup.
—————
+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak….
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo…..
- Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
—————
+ Kowe seneng guyon opo ora?
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo…..
- Waa… Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok……
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
—————
+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
—————
+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus.
- Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
—————
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
—————
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
—————
+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
—————
+ Kowe biso main internet?
- mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing sek buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to?’
—————
+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA!!!!! @#$%#%^#%^$@%!#%$^%#^
"
siapa bilang boeaja atau buaya adalah istilah negatif yang artinya sama dengan playboy, Dan aku sendiri nggak setuju banget soalnya yang aku tahu buaya adalah binatang yang paling setia dengan pasangannya, he. hee







chocovanilla said:
Ngguyune ampek loro weteng!
Mesake tenan nasibmu to, Le..Le…
@buajatampan:
1 day after the fact.piye jal nek urip pisan wae nasibe koyo ngene…..
maulz said:
wah rada nyesel je pake iseng baca sgala

masker jerawatku rontok smuahh ….
lha maskeran koq ngguyu njempling2..
harusnya ada cautionnya dulu d awal
awas! -bisa menyebabkan sakit perut dan masker rontok- jika sakit berlanjut hubungi yang nulis
thanks eniwei. very refreshing..
boeajatampan:
3 days after the fact.wah mlethek kabeh ya mbak maskernya :ha. ha, ya maap
dini said:
Weh…
Lucu…lucu…
Termasuk anggota PSJ ya?
Huakakakakakakak…
buajatampan:
14 days after the fact.PSJ = Persatuan sok Jaim ya….. he.. hee
Mbelgedez said:
Rasanya doloo sayah pernah Post degh….
http://mbelgedez.wordpress.com/2007/09/17/proses-wawancara/
buajatampan
19 days after the fact.Lha ini khan versi jawa bozz………….:D
Mbelgedez said:
Kemana ajah ini orang…….
boeajatampan:
)
50 days after the fact.wah kangen karo aku to pak dhe….. he.. hee
-tikabanget- said:
hihihi..
“pak, bapak pasti blom kenal adek saya. dia cantik pak.. semlohay.. ah, sayang saya ndak keterima kerja disini…”
boeajatampan:
55 days after the fact.malah ora ketompo.
lha.. mengko aku mesthi njaluk sing aneh-aneh…… piye jal….
mbahregeng said:
jos tenan pakde!!!!
aku didarani wong edan karo konco2ku..
“internetan karo ngakak dewe”
salut bro!!!!
boeajatampan said:
88 days after the fact.thx mbah wis gelem mampir, salam nggo mbah putri
aryo diponegoro said:
lucu tenan
111 days after the fact.anung said:
Ijin copast…
tak sharing karo konco2 ku…
FB : anung berbisik.
459 days after the fact.